ARTIKEL BUDAYA JAWA : KELAS XI PK 1 (SMT GENAP)

 ARTIKEL BUDAYA  JAWA 

DISUSUN OLEH KELAS XI PK 1 

 


ARTIKEL BUDAYA JAWA 


KELOMPOK 1
- Ihsan mu'arifin
- Abdurrauf al khasya
- Muhammad rafandira Ramadhani
- Erlangga Bintang Pamungkas
- Rizal ‘Amar Fatah



KESENIAN GANGSA INGKANG TAKSIH DIPUNLESTANTUNAKEN WONTEN BEDOYO, PERENG, MOJOGEDANG, KARANGANYAR

Gangsa inggih menika kesenian musik asli saking indonesia ingkang muncul saking laladan jawi lan bali, wontenipun kesenian gangsa wonten indonesia piyambak saking abad kaping 8 kaliyan dipunbuktik aken wontenipun lukisan-lukisan ingkang wonten ing artefak rumiyin tuladhanipun kados wonten candi borobudur lan prambanan. jaman
keemasan pertumbuhan gangsa nalika krajan jaman majapahit eksis merajai wonten nagari menika inggih menika ing abad kaping 14 lan abad kaping 15 ingkang pundi gangsa menika wiwit asring dipun agem lan dipun sempurnakaken kaliyan wiwit dibarengi tetingalan ringgit lan beksa.

kesenian gangsa wonten indonesia piyambak sampun nyebar wonten pinten-pinten laladan, kados wonten jawi, bali lan madura. wonten jawi piyambak penyebaranipun sampun wiwit merata, nanging wiwit warsa 2000 an peputra jaman samenika wiwit nilaraken kesenian kasebut , malah wonten ingkang saestu mboten sumerep menawi kesenian gangsa menika asli saking indonesia. benten kaliyan bab menika, wonten wates jawi tengah lan jawi wetan leresipun wonten kitha karanganyar, mojogedang, pereng, bedoyo taksih nglestantunaken kesenian kasebut . rutin seminggu pisan ing dinten rebo dalu inggih menika dinten wonten pundi para wargi bedoyo latihan kesenian gangsa menika, latihanipun nggih mboten sekedhap, ananging saking tabuh 7 dalu dumugi tengah dalu . para wargi bedoyo kadosipun2 mboten tepang lelah kagem sinau nglestantunaken budaya menika, naming seteko teh benter ingkang ngancani latihan dumugi larut dalu.

gangsa sanes lah naming pirantos musik limrah, ananging miyos saking menika, mengekspresikan dhiri kula lan panjenengan, nilai-nilai budaya lan tradisi luhur nagari menika, nilai kados ketenangan, harmoni, kebersamaan, keindahan, lan spiritualitas ketanem ing alunan suwanten ingkang miyos saking gangsa . tamtu budaya menika dados tilaran ingkang mboten ternilai kagem wargi generasi penerus. united nations educational, scientific and cultural organization sampun ngakeni wontenipun seni kabudayan gangsa menika dados tilaran ingkang asli wiyos saking indonesia. 




KELOMPOK 2
Rizky
Alif
Raya
Maulana
Arkan


SIRAMAN

Siraman yaiku salah sijine upacara kang dumadi ing prosesi penganten adat Jawa. Siraman dumadi saka tembung siram sing artine guyur utawa mandi (adus).

MAKSUD LAN TUJUAN

Upacara iki nduweni maksud supaya calon penganten nduweni saka resik spiritual lan nduweni ati kang Suci, sakdurunge nikah. Upacara iki dianakake sedurunge ijab Kabul ing omahe calon manten. Biasane utawa lumrahe wong tuwa sing nyirami pinggir kali rusak amarga sedulur liyane lan uga pemaes ngganteni gunggung pitu.

pelaksanaan upacara siraman upacara siraman biyasane ditindakake ing omah calon manten utawa papan kang wis disiyapake mligi. pelaksanaane nglibatake pira-pira tahapan kang dilampahake karo kebak khidmat lan numuti tata cara adat kang wis diwarisake kanthi turun-temurun. iki yaiku:

1. Persiapan papan lan peralatan

papan siraman biyasane dipacak karo sawetara dekorasi tradhisional, kaya janur kuning lan sekar melati. peralatan kang digunakake kalebu gentong utawa bejana isi banyu kang wis diwenehi bunga-bunga wangi, gayung kang kagawe saka batok klapa, sarta kain utawa sarung kanggo calon manten.

2. Banyu siraman

banyu kanggo siraman dijupuk saka pitu sumber mripat banyu kang seje, kang nglambangake kesejahteraan lan keberkahan. banyu iki banjur dicampur karo sekar setaman kaya melati, mawar, kenanga, lan kantil.

3. Proses siraman

prosesi siraman diwiwiti karo donga bareng kang dipanggedheni dening siji sesepuh utawa pemuka adat. calon manten banjur lungguh ing papan kang wis disedyakake. wong tuwa lan kulawarga cedhak kanthi genti-genti menyiramkan banyu menyang awak calon manten sinambi ngucapake donga lan pangajab.

4. Paweweh pitutur
sawise prosesi siraman rampung, calon manten biyasane nampa pitutur saka wong tuwa lan sesepuh ngenani kauripan rumah tangga. pitutur iki nyakup nile-nile kesetiaan, tanggung jawab, lan cara njaga keharmonisan jroning rumah tangga.

5. Panggunaan sekar lan lulur

ing akir upacara, calon manten asring diwenehake lulur utawa scrub tradhisional kang kagawe saka rempah-rempah alami kanggo ngresiki kulit. sawise iku, calon manten dipacak karo bunga-bunga kang nglambangake kesucian lan keharuman. simbolisme jero siraman saben elemen jero upacara siraman nduweni simbolisme tinemtu. banyu nglambangake kesucian lan kauripan, dene bunga-bunga wangi nglambangake keharuman budi pekerti lan seneng. panggunaan pitung mripat banyu nyerminake pitung dina jero sapendak, kang diarep-arep saben dina jero ningkahan mengkone arep kebak berkah.

Prosesi saderet sing akeh kui mau, nduweni teges sing jero tenan kanggo akuripan wong kang manten. Upacara iki minangka pralambang kanggo ngluruhake kabeh, mujudake perkara negatif tumrap calon penganten supaya bisa mlebu ing gapura penganten kanthi, jiwane kang resik/suci.

upacara siraman jero adat jawa dudu sekadar ritual, nanging ya iku manifestasi saka
nile-nile budaya kang sugih arep makna filosofis. liwat siraman, calon manten diarep-arep oleh ngleboni kauripan anyar karo ati kang resik, penggalih kang bening, sarta siyap nampa kabeh tantangan jero omah-omah. karo nglestarikake tradhisi iki, masarakat jawa tetep njaga identitas budaya lan nile-nile luhur kang wis diwarisake dening mbah moyang

 

KELOMPOK 3

Afifah Wahyu (02)
Azizah Fitri (04)
Desti ismiyatus (06)
Elvina febriana (09)
Novi markhamatul (20)
Sinta lutfiani (29)

TRADISI WETONAN

       Wetonan minangka salah sawijining tradhisi sing isih dilestarekake dening masyarakat Jawa Tengah. Upacara iki ditindakake ing dina kaping-35 sawise lairé bayi, sing ditandhani kanthi prosesi nyelapani.
       Nyelapani asalé saka tembung “selepan,” sing tegesé sewulan utawa 35 dina ing perhitungan Jawa. Gabungan antarane dina lan pasaran Jawa nggawe jeneng-jeneng dina sing unik, kaya Selasa Wage lan Kemis Legi.
      Prosesi nyelapani nglibatake kulawarga lan kerabat kanggo nyuwun keselamatan lan kamulyan kanggo bayi. Tradhisi iki nggambarake ajining budaya Jawa sing ngurmati kulawarga lan komunitas.
       Kanthi mangerteni tradhisi Wetonan, kita bisa ngurmati kasugihan budaya Jawa lan melestarekake kanggo generasi sing bakal teka.
Ing tradhisi wetonan, saben weton nduweni makna lan pengaruh tumrap urip wong Jawa.
      Contone, weton kelairan sawijining wong dipercaya bisa menehi gambaran babagan sifat dhasar, begja, uga perkara-perkara penting ing urip, kayata perkawinan, rejeki, lan kesehatan.
      Tradhisi iki banget diurmati, utamane ing acara-acara penting kaya perkawinan, khitanan, lan pemilihan dina apik kanggo miwiti sawijining usaha. Saben kulawarga Jawa umume isih ngugemi tradhisi iki, senajan jaman wis moderen.
        Nalika sawijining wong ngrayakake wetonan utawa dina kelairané miturut hitungan Jawa, dheweke biasane ngadani doa bareng lan selametan minangka wujud syukur lan panyuwunan supaya diparingi keselamatan lan rejeki sing lancar.




KELOMPOK 4
- Naila Nuriyatul Aini (18)
- Nanda Aprilia Aggraini (19)
- Nur Laili Wahyu Pratiwi (21)
- Nuri Eka Prastuti (22)
- Umi Nur Azizah (32)

TRADISI KEBUDAYAAN JAWA

Kebudayaan Jawa yaiku kebudayaan sing dianut masyarakat Jawa, sing ngutamakna keseimbangan, keselarasan, lan keserasian, dadi kabeh unsur (urip karo mati, alam karo makhluk urip) kudu salaras, padha akur, intine kabeh kudu cocog.
Ing ngisor iki ana beberapa Tradisi Kebudayaan Jawa, yaiku :
1. Tradisi Nyadran
Nyadran iku salah siji prosèsi adat budaya Jawa awujud kagiyatan setaun sapisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik saréan leluhur, mangsak panganan tertamtu kaya déné apem, ater-ater lan slametan utawa kenduri. Jeneng nyadran iki asalé saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, banjur dadi nyadran. PJ Zoetmulder ana ing buku Kalangwan uga nyritakaké bab upacara sraddha kanggo mèngeti sédané Tribhuwana Tungga Déwi ana ing taun 1350.
Upacara sraddha minangka pèngetan raja-raja síng wís puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo uba rampé wujud baita (prau) síng digawé saka kembang (puspa, sekar). Tradhisi nyadran pranyata wís lumaku wiwít jaman Majapahit nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari lan dipepetri déning masarakat, mligi ing tlatah padésan. Nyekar ing sasi Ruwah duwé surasa utawa wulangan marang anak putu supaya padha tresna lan élíng marang leluhur.

2. Tradisi Tingkeban
Upacara Tingkeban ugi dipunwastani mitoni. Mitoni saking tembung pitu ingkang ateges angka pitu. Upacara tingkeban dipuntindakaken manawi kandhutanipun priyantun èstri, yuswanipun sampun pitung sasi saha nembé ngandhut sapisan. Upacara tingkeban punika salah satunggaling tradisi masarakat Jawa. Ancasipun kanggé nepangaken bilih pendhidhikan punika dipuntindakaken wiwit wontenipun jalmi ing kandhutan dumugi diwasa. Sadangunipun ngandhut kathah sanget prakawis ingkang asipat saé ingkang kedah dipunlampahaken déning biyungipun saha kedah nebihaken saking prakawis ingkang boten saé. Punika mengku teges supados putra ingkang badhé dipunlairaken dados putra ingkang saé.
Wonten ing upacara kasebat, biyung ingkang nembé ngandhut pitung sasi dipunsiram nganggé toya sekar setaman ingkang dipunparingi dedonga ingkang mligi kanggé biyung saha jabang bayinipun. Donga kasebat gadhah ancas nyuwun dhumateng Gusti supados tansah paring rohmatipun saéngga bayi ingkang badhé dipunlairaken slamet tanpa wonten alangan satunggal punapa.

3. Tradisi Brobosan
Tradhisi Brobosan biasane ditindakake nalika upacara kematian. Brobosan tegesipun mbobol, inggih menika gilir-gilir lumampah ping telu ing sangisoring peti  utawi peti ingkang dipunangkat duwur. Wiwit saka tengen, ngiwa, maju, nganti bali nengen.  Supados kulawarga ingkang dipun tilar saged nglalekaken sedhihipun. Kabeh kulawarga bakal kumpul lan nindakake ritual iki minangka perpisahan pungkasan sadurunge jenazah dikubur. Kanthi pangarep-arep kabeh kulawarga bisa bener-bener ngeculake.
Ritual iki uga minangka wujud penghormatan pungkasan marang mayit kanggo ngluwari menyang alam kalanggengan. Ora mung ngurmati mayit, nanging uga kanggo leluhur sing wis seda. Upacara adat iki katindakake ing ngarep omahe wong sing wis tilar donya, sadurunge jenazah digawa menyang papan peristirahatan pungkasan.  Kang dirawuhi dening sederek, kanca lan tangga teparo.Kagiyatan iki ditindakake amarga anane tradhisi tradhisi Jawa yen kulawarga kang mati, kulawarga kasebut isih nindakake tradhisi brobosan.

4. Tradisi Grebek Syawal
Syawalan nduwèni teges minangka sawijining pertemuan sing dirancang déning sawetara wong utawa kelompok masyarakat, ing ngendi para wong-wong padha nglakoni silaturahmi sing isiné ikrar kanggo saling ngapura siji lan sijiné.Pertemuan syawalan iki utamané ditindakake ing wulan Syawal, sawise rampungé wulan Ramadhan.
Wulan Syawal iku wulan kaping sepuluh ing kalender taun Hijriyah. Syawalan uga dikenal kanthi jeneng halal bi halal, ing ngendi wong-wong padha sowan menyang omahé kenalane kanggo njaluk ngapura, lan sing duwe omah bakal nampani lan padha-padha ngapura.

Ana 2 acara syawalan kraton sing misuwur ing Jawa :

1. Grebeg Syawal Kraton Yogyakarta
Grebeg Syawal Kraton Yogyakarta  wis kondhang ing masyarakat akeh. Akeh wisatawan saka manca negara teka menyang Yogyakarta, kanthi tujuan mung kanggo nyekseni tradisi Grebeg Syawal. Tradisi iki asalé saka warisan Sri Sultan Hamengkubuwono I lan wis dilakoni wiwit taun 1725 nganti saiki.
2. Grebeg Syawal Kraton Solo
Kutha Solo uga nduwèni tradisi Grebeg Syawal. Tradisi iki ditindakake kanthi nggawa loro gunungan sing isi asil bumi lan panganan pasar. Loro gunungan mau duwé jeneng dhewe-dhewe, yaiku Gunung Jaler lan Gunung Setri. Gunung Jaler bakal digawa menyang Masjid Agung Surakarta, déné Gunung Setri bakal digawa menyang Kraton Solo.

5. Tradisi Padusan
Padusan kuwi dijupuk saka basa Jawa kawi hadiyus kang tegese adus utawa sesuci. Uga disebut matirta utawa siram utawa adus. Ing Jawa ada perangan manungsa kang duwe kuwajiban padusan, yaikukang arep lelaku. Kaping pindho, yakuwi nemoni junub utawa sakbubare kumpul karo bojone. Katelu, yakuwi wong wadon kang rampung nggarapsari. “Ndeleng perangan kuwi ana sing padha, yaiku padusan dilakoni sakdurunge nindakake lelaku.”



KELOMPOK 5

Fitri Rahmawati  (12)
Kirani Cahya A (14)
Risma Rasya P (24)
Siti Fatimah A (30)
Tri Nur Azizah (31)

BATIK WARISAN BUDAYA JAWA 

      Batik iku warisan Budaya Jawa sing Nganti Saiki Tetep Istimewa.Batik mujudake kain tradisional Indonesia kang nduweni motif unik lan endah. Tembung “batik” asale saka basa Jawa yaiku “amba” kang tegese tulisan lan “tik” kang tegese titik. Batik wis dadi budaya Indonesia luwih saka 1.000 taun, kanthi sejarah sing sugih lan rumit.

Batik, yaiku seni nggambar ing kain kanthi cara nggunakake lilin kanggo ngalangi pewarna supaya ora mlebu ing kain. Seni iki wis dadi warisan budaya Jawa sing wis diwarisake saka generasi menyang generasi liyane. Batik ora mung sekedar kain, nanging uga nggambarake nilai-nilai luhur budaya Jawa, kayata:
a) Kehalusan: Proses nggawe batik butuh ketelatenan lan kesabaran sing dhuwur. Saben pola lan warna duweni makna sing jero.
b) Keindahan: Batik Jawa dikenal kanthi pola lan warna sing rumit lan indah. Saben daerah duweni ciri khas batik dhewe-dhewe.
c) Filosofi:Saben pola batik duweni makna filosofis sing nggambarake nilai-nilai luhur budaya Jawa, kayata:
1. Kawung: Nglambangake kesuburan lan kemakmuran.
2. Ceplok: Nglambangake kesatuan lan persatuan.
3. Sidoasih: Nglambangake harapan lan cita-cita.
4. Parang: Nglambangake kekuatan lan kekuasaan.

Batik Jawa wis diakoni dening UNESCO minangka Warisan Kemanusiaan untuk Budaya Lisan dan Nonbendawi. Hal iki nggambarake pentingnya batik kanggo budaya Jawa lan dunia. Saiki, batik ora mung dadi busana tradisional, nanging uga dadi simbol identitas Jawa lan inspirasi kanggo para desainer lan seniman.
Batik Jawa duweni peran penting ing masyarakat Jawa. Batik digunakake ing acara-acara penting, kayata:
a) Pernikahan: Batik digunakake minangka busana pengantin.
b) Upacara adat: Batik digunakake minangka busana adat.
c) Hari besar: Batik digunakake minangka busana sehari-hari.

Batik Jawa uga dadi sumber penghidupan kanggo akeh wong Jawa. Akeh wong Jawa sing nggawe batik lan ngedol batik kanggo nyambut gawe. Saiki, batik Jawa wis dikenal ing saindenging jagad. Akeh wong manca negara sing ngoleksi batik Jawa lan nggunakake batik Jawa minangka busana. Batik Jawa dadi bukti kekayaan budaya Jawa sing nggawe bangga lan kudu dilestarikan.



KELOMPOK 6

Desta Dwi Arini Fathul Jannah (05)
Diyan Novita Prasetyowati (07)
Nadifa Nur Fadilah (17)
Zahra Assyifa Nur Astin (34)
Zulfa Hastya Anggraini (36)

ARTIKEL BAHASA JAWA KESENIAN WAYANG KULIT

Sejarah asal usul kesenian wayang kulit, nek ditelusuri ora bakal ucul saka sejarah wayang kuwi dhewe. Wayang dhewe asale saka siji ukara sing muni "Ma Hyang", artine mlaku nuju Sing Maha Dhuwur (neng kene bisa diartekne dadi roh, Tuhan, utawa Dewa). Ning ana panggonan wong sing mangerteni menawa tembung wayang asale saka basa Jawa sing nduwe arti bayangan, utawa sing jero basa Indonesia baku yaiku bayang.
Sejarah asal usul kesenian wayang lulang, kaya karan neng dhuwur ora bisa ucul saka sejarah wayang kul dhewe. Ora ana bukti konkret babagan anane wayang sadurung abad pisan, nengendi iki meneri karo tekane wulangan Hindu lan Buddha menyang area Asia Tenggara termasuk Indonesia kene. Hal iki dadi bukti menawa kesenian iki teka saka india utawaa Tiongkok, negnendi kaloro negara kui nduweni tradisi sing wis mlaku mudhun-tumurun babagan panggunan bayangan boneka utawa tunjukake teater sakabehane.

Catetan sejarah pisan babagan anane pentas wayang nang siji prasasti sing bisa dilacak asale saka taun 930, sing ngomongke si Galigi mawayang. Pancen ora akeh literatur sing nggamblangna babagan sejarah asal usul kesenian wayang kulit, senajan ngono salah siji jenis saka seni wayang iki wis diakoni dadi karya kebudayaan sing aji banget neng bidang narasi saka UNESCO ing udhar 7 November tahun 2003 kapungkur. Babagan iki bokmenawa dadi pertimbangan kanggo UNESCO amarga saka kabeh jenis wayang sing ana, wayang kulit utawa lulang ngrupakne salah siji jenis wayang sing paling dikenal neng Indonesia. Wayang iki kegawe saka lulang kewan sing dadi bahan utama jenis wayang sing digunakne jero tunjukan iki.

Njero cerito wayang Jawa, urip siji keluarga karakter sing karan Punakawan. Punakawan iki awak saka papat wong lan sanuli dianggep dadi pamelu lucu saka pahlawan sing dadi karakter utama siji cerito. Kapapat wong iki yaiku Semar sing uga dikenal karo jeneng Ki Lurah Semar, Petruk, Gareng, karo Bagong. Semar dhewe kerep digambarke dadi dewa, lan kadang uga digambarke dadi arwah panjaga saka pulau Jawa kuwi dhewe. Njero mitologi Jawa, dewa-dewa sing ana mung bisa ngubah awake kabeh dadi manusia sing elek, amarga iki uga Semar sanuli digambarke dadi sawong sing ala lan gendut.

Njero sejarah asal usul kesenian wayang kulit, wayang kulit dhewe nduweni pirang-pirang jenis lan antarane yaiku wayang kulit Gagrag Banyumasan. Kanggo wayang lulang jenis iki yaiku siji gaya pedalangan sing uga dikenal karo jeneng pakeliran. Gaya iki diaji dadi cara kanggo ngukuhi aji, nengendi perawatan lan kwalitas sing dekne kabeh tunjukake neng panggung sanull nunjukake hal iki. Unsur- unsur sing ana jero pakeliran yaiku: lakon, sabet (obahan sing arep dilakoke saka para wayang), catur (narasi lan pangguneman antara karakter), mawa karawitan sing nduwe arti musik.
Artikel bahasa jawa kesenian wayang kulit - Contho liya saka panganggonan jenis wayang lulang liyane yalkut wayang kulit Banjar, sing padha jenenge berkembang neng wilayah Banjar, Kalimantan Selatan. Masyarakat kerajan Banjar awale nyat wis ngenal seni wayang kulit dianyak saka awal abad menyang-14. yekten iki dadi adoh luwih kuwat pas Majapahit akhire kedadeyan nglinggihi pirang-pirang panggonan Kalimantan lan nggawa misi kanggo nyebarke agama Hindu nggunakne taktik pertunjukan wayangan kulit.

Contho liya meneh dheweke wayang siam sing kenal neng Kelantan, Malaysia. wayang Siam dhewe ngrupakne siji tunjukan wayang nganggo basa Melayu. Saka awal, ora ana bukti sing gamblang babagan kemunculan pisan wayang slam, dadi wong-wong mamikir menawa kesenian iki asale saka Jawa, melu simbol-simbol sing akrab banget neng Jawa.
Wektu saiki, ketertarikan bocah enom karo kesenian wayang kulit bisa diaji cendhek banget, ngeling akehe dolanan berbasis teknologi sing bisa dekne kabeh olehke. Senajan ngono, isih akeh uga wong tuwa kanthi aktif mulangria anake kanggo mengapresiasi salah siji kesenian tradisional Indonesia iki, lan hal kesebuta sing dibutuhake kanggo majokake wayang kulit wektu iki.


KELOMPOK 7
1. Salwa Azzahratussita (28)
2. Elfina Kusuma Wardani (8)
3. Aulia Noor Eliza (3)
4. Rosyidah Nur Faizah (27)
5. Zikha Amanda (35)

A. Sejarah singkat gamelan.
Gamelan nduweni sejarah kang dawa ing peradaban Indonesia wiwit jaman kerajaan ing abad 8 nganti abad 11. Munculé gamelan ngrembaka saka karajan Hindu Budha ing tlatah Sumatra, Bali lan Jawa. Iki bisa dideleng ing tugu candhi Borobudur sing isine gambar relief gamelan gamelan jaman kerajaan Sriwijaya abad 6 nganti 13 Masehi. Gamelan nalika jaman kerajaan Majapahit ngrembaka kanthi cepet nganti ana jadwal pagelaran gamelan ing pelataran. 
     Pangrembakanipun gamelan lajeng dipunlajengaken sasampunipun Islam rawuh ing Nuswantara ingkang ngginakaken cara seni kangge nyebaraken agaminipun. Sunan Bonang minangka salah sawijining walisongo lan tokoh sing misuwur nyebarake agama Islam nalika iku. Nalika nye\’barake agama Islam, Sunan Bonang banjur nggabungake gamelan sing kuwat karo kabudayan Hindu-Budha minangka media kanggo nyalurake ajaran Islam.
     Fungsi gamelan biasane digunakake kanggo ngiringi kesenian wayang lan pagelaran tari ing acara tartamtu. Pangrembakanipun gamelan ngantos samenika sampun dados pagelaran piranti musik piyambak-piyambak ingkang dipunremeni dening masarakat. Biasane pagelaran gamelan uga dilengkapi sinden minangka penyanyi. Gamelan bisa uga wis kenal karo pagelaran gamelan ing kraton utawa acara wayang.

B. Jenis - jenis gamelan.
1. Gamelan Gedhe
    Jinis gamelan gedhe dumadi saka ricikan komplit, diwiwiti saka laras slendro nganti laras pelog. Gamelan jinis iki biasane digunakake ing konser utawa pagelaran musik utawa uyon-uyon. 
2. Gamelan Wayangan
     Kaya jenenge, gamelan jinis iki digunakake kanggo ngiringi pagelaran wayang. Saliyane laras slendro, gamelan laras pelog uga digunakake kanggo gamelan kang ngiringi pagelaran wayang madya lan wayang gedog. 
3. Gamelan Pakurmatan
Dolanan Pakurmatatan kaperang dadi telu yaiku monggang, karibia, lan kodhok ngorek. Gamelan iki nduweni fungsi minangka pangiring adicara pakurmatan ing budaya Jawa, kayata Grebeg Mulud, penyambutan tamu, lan khitanan kulawarga keratin utawa mantenan. 
4. Gamelan Sekaten
    Ing Kraton Ngayogyakarta lan Karaton  Surakarta, gamelan jinis sekaten bakal digunakake saben taun sepisan. Yaiku kanggo mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW tanggal 6-12 Mulud (penanggalan Jawa) lan gamelan sekaten ditabuh ing plataran Masjid Agung. Lan lain - lain.
C. Contoh alat musik gamelan 
5. Kendhang. 
    
kang ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèren, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu kang wujudé mèmper huruf Y. 
6. Saron
  
Saron atau ricik yaiku instrumen gamelan seng masuk neng golongan balungan atau alat musik jenis wilahan sangking logam.saron ndueni 6 atau 7 ( 1 0ktaf ). 
Coro mainkene yaiku memukul bilahan logam mggunakake tabuhan tangan kanan lan seng nahan bilahan seng dipukul sedurunge nggunakne tangan kiri ben ngilangne suoro dengungan. 
7. Demung.
 
Demung termasuk neng jenis balungan. Biasane enek 2 demung jenis pelog lan slendro.alat musik iki ngasilake nada oktaf paling cendek soko alat musik balungan lianne. Cara mainke demung podo karo saron, mung tabuh demung nduweni ukuran luwih abot.
8. Bonang
 
Bonang yaiku instrumen gamelan bentuk ceret atau pot seng diletak keneng nduwur talineng bingkai kayu.cara mainke bonang yaiku dipukul bagian cekungan atau penutup dengan tongkat pemukul khusus.

9. Kenong.
 
Kenong nduweni bentuk fisik luwih gede soko alat musik pencon lianne. Cara mainke kenong podo karo mainke bonang.
10. Gong.
 
Cara mainke gong yaiku dipukul neng bagian kecubunganne nggunakake tongkat khusus.
11. Gambang.
 
Gambang iku salah siji prangkat gamelan Jawa, lan gamelan Bali uga ing instrumèn musik liya kaya déné kulintang, kang digawé saka wilah-wilah kayu. Cara mainke Gambang yaiku dipukul.
12. Siter.
 
Siter yaiku Sawijining piranti musik tradhisional Indonésia kang kerep dianggo kanggo ngiringi pagelaran gamelan Jawa.
Siter iku piranti gamelan kang dipetik kaya gitar. 
13. Suling.
 
Suling yaiku kulawarga piranti musik ing golongan piranti sebul kayu sing digawe saka Pring.
14. Slenthem.

 
Slenthem yaiku salah siji piranti gamelan sing kasusun saka lembaran logam tipis sing lebar diikat nganggo senar lan diulur ing tabung lan ngasilake dengung utawa gema sing ngetutake nada saron (balungan) nalika ditabuh.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

BAB 1 : ISLAM WASATHIYAH - AKIDAH AKHLAK KELAS X (SMT GENAP)

BAB 4 : KISAH TELADAN NABI LUTH KELAS X (SMT GENAP)

NILAI ASAT BAHASA JAWA KELAS XI F1-F7