PIWULANGAN 1 : BAHASA JAWA (XI SMT GENAP)




BAHASA JAWA KELAS XI

PIWULANGAN 1

NYEMAK 

A. PANGERTOSANIPUN SEKAR MACAPAT 

Sekar macapat yaiku tembang kagungan basa kang edi lan endah. Iketaning tembang macapat iku ono guru lagu. Bedane tembang macapat lan geguritan yaitu 

1. Tembang macapat nggunakake guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan 

2. Geguritan nggunakake guru gatra, guru lagu, guru wilangan nanging pathokane pemilihan tembung kang mentes lan endah 

Tembung macapat nduweni ancas kangge dakwah agama Islam, media penyebaran agama Islam deneng walisanga ngajak wong-wong padha mlebu agama Islam tanpa dipekso

Walisanga kang nggunakake tembang macapat yaiku:

1. Sunan Giri: tembang Asmarandhana lan Pocung 

2. Sunan Kudus: tembang Maskumambang lan Mijil 

3. Sunan Kalijaga: tembang Dhandanggula 

4. Sunan Bonang: tembang Durma

5. Sunan Muria: tembang Sinom lan Kinanti 

6. Sunan Giri: tembang Megatruh

7. Sunan Drajat: tembang Pangkur


B. PAUGERAN TEMBANG MACAPAT 


 


FALSAFAH TEMBANG MACAPAT 

1. MIJIL : tegesipun lahir 

2. MASKUMAMBANG: nggambareken wekdal taseh lare (masa kanak-kanak)

3. SINOM: anggambareken lare nem-neman 

4. DURMO: nggambaraken nem-neman ingkang gampil kenging pengaruh kalitan kawontenan 

5. ASMARANDHANA: nggambaraken tiyang engkang nembe nandhang kasmaran. 

6. KINANTI: anggambaraken wekdal ambangun bale griya utawa gesang bebayan.

7. DHANDANGGULA: anggambaraken yuswa sampun sepuh, wiwit kedhah saget angatur kabetahanipun gesang, remen makarya sesarengan.

8. GAMBUH: anggambaraken wekdal kadewasaning jiwa meniko saget njumbuhaken kabetahan lahir lan batin.

9. PANGKUR: anggambaraken wekdal ingkang sampun lalu yuswa (lanjut usia) ingkang sampun ngungkuraken babakan kandonyan.

10. MEGATRUH: anggambaraken wekdal ingkang sampun tutup yuswa 

11. POCUNG: anggambaraken mangsa nalika wis pocung.


C. TEMBUNG GAMBUH

1. PANGERTEN TEMBANG GAMBUH 

Gambuh iku tambuh, embuh, gambuh, jumbuh lan kang awanda mbuh. Digunakake kangggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh (teges/galak)

2. PATHOKAN TEMBUNG GAMBUH 

7U-10U-12I-8U-8O guru wilangan lan guru lagu 

5 guru gatra 

3. WATAK TEMBANG GAMBUH 

Watake tembang gambuh iku seketing kakaluwargan/akrab, semadulur.

4. MAKNA TEMBANG GAMBUH 

Tembang gambuh nggambaraken watak pawongan ingkang ngancik dewasa utawa pribadi kan sansaya dewasa, menehi pitutur manganah pintu, mula njumbuhaken kabutuhan lair lan batin, kekekuwargan lan Masyarakat. 

5. TULADHA TEMBANG GAMBUH 

Sekar gambuh ping catur,

Kang cinatur polah kang kalantur,

Tanpa tutur katula-tula katali,

Kadalu warsa kapatuh,

Katutuh pan dadi awon. 

6. ISI TEMBANG GAMBUH ING SERAT WEDHATAMA 

Serat wedhatama ngajarake yen agama minangka cangkingan urip

Kepinginane manungsa ora nalisir saka garising gusti

Sembah Raga, Nindakake prentah-prentah agama kanthi kasad mata

Sembah Cipta, kanthi ngendaleni hawa nafsu

Sembah sukma, ngresiki bathin kanthi waspada 

Sembah rasa, wis ora mangu-mangu maneh marang kekuwasaane Gusti kang Akarya Jagad 


MENULIS 

ARTIKEL BUDAYA JAWA

Artikel yaiku karangan nyata kan jangkep kanthi dawa tartamtu kang digawe kanggo disebarake lumantar koran, kalawarta, bulletin.

JENIS ARTIKEL 

1. Artikel eksploratif: nuduhake fakta 

2. Artikel eksplanatif: isine karangan babagan sawijine prakarya kanggo dingerteni kang maca

3. Artikel deskriptif: nggambaraken babagan sawijining pokok prakara kang kadadean ing Masyarakat

4. Artikel prediktif: isine petungan utawa ramalan babagan apa kang bakal kadaden 

5. Artikel preskriptif: jenis iki menehi tuntunan marang pamaos supaya ora klentu utawa 

6. Artikel naratif: kang nguraikan kekadeam utawa cerita 

7. Artikel eksposisi: panjlentrehan babagan siji topik kanthi ancas menehi tambahan elmu kanggo wong kang maca

8. Artikel argumentasi: artikel dueni ancas mbuktekke kebenaran siji panyaruwe utawa dhuhutan utawa alesan/bukti 

9. Artikel persuasi: kanggo mrabawani wong kang maca kanggo nindakake siji pakaryan 


ISI 

Isi artikel isine:

a. Sejarah

b. Petualangan 

c. Argumentasi

d. Kasil panalitiyan 

e. Bimbingan kanggo nindakake siji pakaryane/ngajari carane 


PANULIS ARTIKEL 

Panulis artikel yaiku pawongan kang nindakake pakaryan ngarang siji tulisan, nggabungake sawatara tembung dadi ukara kang wigati lan bisa diwaca, sangga nggawe wong kang maca ngrasakake lan mangerteni apa kang sadurunge durung dingerteni 

Panulis artikel maneka warna kriteriane, yaiku:

Penulis artikel buku 

Penulis artikel pawarta 

Penulis artikel narasi 

Penulis artikel naskah 

BLANGKON 

Blangkon iku sajenis penutup sirah kanggo wong Priya sing kagawe saka bahan kain bathik utawa lurik. Wujud modern kang praktis katimbang iket. Pasangan karo busana beskap. Jaman saiki blangkon mulai ilang saka  budaya jawa, Blangkon seng uwes suwe dadi budaya jawa iki, mulai kegeser karo topi seng dadi tren ing kalangan para muda.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tokoh-tokoh Tasawuf dari masa klasik, abad pertengahan,modern dan kontemporer

BAB 1 : ISLAM WASATHIYAH - AKIDAH AKHLAK ( X SMT GENAP)