PIWULANGAN 2 : BAHASA JAWA (XI SMT GENAP)

 PIWULANG 2

PANGERTENE CERITA RAKYAT



PANGERTENE CERITA RAKYAT

Cerita rakyat yaiku cerita kang ngambaraken ing sawijining daerah lan dianggep minangka asli karya kolektor (bebarengan) karo Masyarakat ing papan panggonan tertentu. Tuladhane cerita rakyat yaiku legendha, dongeng, mite lan sapanunggalane. Kayata: keong mas, nyai rara jonggrang, rawa pening. 

UNSUR CERITA RAKYAT

1. Tema: ide pokok pikiran, permasalahan utawa kang ndasari cerita

2. Setting: latar belakang kang mbantucethaning laku cerita. Biasane isine: panggon, wektu, lan sosial budaya

3. Sudut pandang: posis pengarang ing njero cerita 

4. Alur/plot: kengkorangan prastawa/ kedadean ing cerita. Jenise alur: alur maju (andhasar kronplogi tumuju alur cerita, runtut saka awal tumuju akhir cerita) . Alur mundur (sesambungan karo prastawa kang lagi dumadi, mundur ing masa lalu tumuju ing awal cerita)

5. Penokohan: nggambaraken karakter kanggo paraga/pelaku. Biasane saka tumindake, ciri fisike, lingkungan lan sakpiturute.

6. Konflik: perkara kang dadi punjere cerita.

KARAKTER/CIRI CERITA RAKYAT

1. Kolektif, merga ora kaweruhan sapa sing nggangit cerita mau dadi duweke Masyarakat bebarengan (bener-bener saka panggonan desa)

2. Diceritakake kanthi lesan

3. Sing nyritakke generasi ke generasi/ turun temurun 

JENISE CERITA RAKYAT 

1. Cerita fiksi

a. Mite (dongeng kang isine alam lelembut,alam gaib)

b. Fabel (cerita kang nggambarake kewan)

c. Legendha (cerita kang nggambarake kedadean papan panggonan)

d. Sage (cerita kepahlawanan)

2. Cerita non fiksi

a. Hikayat: cerita kang mbahas paragane kang jelas

b. Babad: cerita nyata lan ana buktine nanging ketambahan cerita kang ora ngenah sumber asline

c. Sejarah: cerita nyata kang ana buktine

d. Roman: cerita kang isine nggambarake uripe pawongan wiwit lair nganti tekane pati

SINOPSIS 

Synopsis yaiku crita saka alur kang dawa, dadi cekak nagging bisa njlentrehake crit asak kabehe.

Bab kang perlu digatekake saka synopsis yaiku:

a. Tema: gagasan pokok cerita

b. Latar: papan lan wektu

c. Alur: lakune cerita

d. Penokohan: paraga cerita 

Langkah-langkah sinopsis:

Maca naskah saka awal dumugi akhir

Nyatet gagasan utama

Nyerat ringkesan gagasan efektif, padet, lan narik pacelathon (dialog)

Sinopsis/ringkesan ora entuk menyimpang saka alur cerita 

Prinsip sinopsis novel: narik kawigaten, ringkes lan nggunakake sudut pandang wong ketelu

KAWRUH SAPALA 

SESORAH 

Sesorah ana ing basa Indonesia kasebut pidato. Sesorah yaitu keterampilan basa, keterampilan wicara (praktek sesorah) lan nulis (gawe naskah sesorah). Sesorah yaiku nglairaken ide utawa gagasan ana ing sangarepe piyayi okeh. Ungkapan kang kawujud ukara-ukara kang tinuju marang priyayi okeh utawa wacana kang disiapake lan diwaosake dhateng kalayak, kanthi ancas supaya pamiyarsa bisa mundhut teges, mahami, narima, sarta gelem nglakoni apa wae kang kawedharake dening piyayi kang sesorah. 

BAB WIGATI NALIKA SESORAH

1. Butuh kekendelan 

2. Micara tegese bisa nglairake gagasan lisan kanthi rancak, lancar, materine muyeg utawa jangkep 

3. Runtut, tegese gagasan turnata, wicarane ora molak-malik.

4. Milih tembung sing pas.

5. Swara sing gandhang, tegese dirungokake krungu kepenak.

6. Nguwasani materi sing diandharake.

7. Bisa nguwasani kahanan/para rawuh.

WERDINE SESORAH/PIDHATO

Sesorah kui disebut tanggap wacana. Sesorah utawa pidhato iku isine bisa mawarna-warna. Salah sijine ngenani pagawean utawa pakaryan. Kang kudu digatekake nalika ngrungokake sesorah ing antarane:

1. Ngrungokake kanthi premati

2. Nyethet bab-bab kang penting 

3. Nyatet bab-bab kang kurang cetho utawa ora dimangerteni supaya bisa ditakokake utawa digoleki referensi

Sesorah yaiku medharake gagasan ing sangarepe wong okeh kanthi ancas tinamtu tur okeh jenise. Upamane tanggap sabda utawa sambutan, khutbah lan liya-liyane. Tanggap sabda lan khutbah iku kalebu jeniseng sesorah utawa medhar sabda. Mula saka kuwi, syarat, tata cara lan metode kang kagunakake jenising sesorah, sing mbedakake among ancas utawa tujuanne.

Medhar sabda utawa sesorah duweni tujuan medharake isining adicara kanthi cetha wela-wela, terang trawala, dene yen tanggap sabda kalebu jenising sesorah sing medharake atur panuwun lan sebab-sebab adicara kuwi diadani/dianakake gampange, tanggap sabda kuwi among nyambut lan nglantarake tumuju ing babagan inti/wos kang arep dirembug. Dene sesorah kuwi wis medharake babagan kang wos utawa inti.

METODE SESORAH

1. Metode Impramtu/Dadakan 

2. Metode Apalan

3. Metode Naskah

4. Metode Ekstemparan/nggawa kepekan

UNGGAH UNGGUH BASA

Unggah-ungguh Basa

1.      Undha-usuking Basa Jawa (Gagrag Lawas)

a.       Basa Ngoko

1)     Ngoko Lugu

2)     Ngoko Andhap : a) Antya Basa

b) Basa Antya

1) basa Madya

2)  Madya Ngoko

3) Madyantara

4) Madya Krama

c. Basa Krama

1) Ramantara

2) Mudha Krama

3) Wredha Krama

4) Krama Inggil

5) Krama Desa

d. Basa Kadhaton

e. Basa Kasar

2.    Undha-usuking Basa Jawa (Gagrag Anyar)

No. Unda-usuking Basa Jawa Tataran Tembung Tataran Rimbag

Ng Kr Kr lg Ng Kr Kr lg

1. Ngoko - - - -

2. Ngoko Alus - - -

3. Krama - - - -

4. Krama Alus - -


Basa Ngoko Lugu yaiku wujuding basa kang tembung-tembunge ngoko kabeh, kalebu wuwuhane, dene pigunane utawa trep-trepe dianggo :

a.       Marang sapadha-padha kang wis kulina.

b.      Bocah karo bocah.

c.       Wong tuwa marang anak/kang luwih enom, lan

d.      Ngudarasa utawa yen pinuju mbatin.

Tuladha :

·         Esuk mau kowe apa ketemu Wisnu, Wan?

·         Kowe sesuk dolan omahku ya, Ris?

·         Aku karo adhiku seneng dolanan bal-balan.

·         Vid, ayo yen wayah sinau ndang mlebu kamar!

·         Apa kowe gelem dak ajak nonton wayang kulit, Wik?

·         Adhik tuku buku “ Pinter Basa Jawa ”  ana ing toko Gramedia.

Basa Ngoko Alus yaiku wujuding basa kang tembung-tembunge ngoko kacampuran basa krama alus, dene wuwuhane ajeg ngoko, pigunane utawa trep-trepane dianggo :

a.       Wong tuwa marang wong kang luwih enom nanging sing tuwa kalah pangkat (kalungguhane) utawa sing enom mau isih diajeni.

b.      Wong sing padha tuwane kang srawunge wis kulina.

c.       Adhi marang kakange sing wis kulina, lan

d.      Bojon priyai marang kakunge/sing kakung.

Tuladha :

·         Mbak Tata, aku nyuwun tulung gawekna cakepan tembang.

·         Dhik, wis yah mene kok durung tindhak dhines?

·         Aku wingi ngerti pakdhe lan budhe tindhak nitih mobil.

·         Ibu tindhak pasar mundhut klambi kanggo adhik.

·         Panjenengan kersa tindhak mrene ora, mas?

·         Budhe nimbali Iwan, didhawuhi matur marang Bapak bab arisan sepedha motor.


Krama yaiku wujuding basa kang pigunane utawa trep-trepane dianggo :

a.       Bocah marang wong tuwa utawa kang luwih diajeni.

b.      Wong sing lagi wae kenal.

c.       Wong tuwa marang wong enom kang isih ngajeni banget.

Tuladha :

·       Sampeyan mundhut menapa?

·       Nyuwun tulung sampeyan pendhetaken kalawarti punika.

·       Menapa sampeyan wau enjng sampun sarapan?

Krama inggil yaiku wujuding basa kang pigunane utawa trep-trepane dianggo :

a.       Bocah marang wong tuwa

b.      Wong enom marang sing luwih tuwa sing isih ngajeni.

c.       Siswa marang guru.

Tuladha :

·       Bapak menapa panjenengan pirsa dalemipun Pak Brata?

·       Simbah punika tindakipun sampun radi rendhet.

·       Menapa panjenengan sampun dhahar?



Komentar

Postingan populer dari blog ini

Tokoh-tokoh Tasawuf dari masa klasik, abad pertengahan,modern dan kontemporer

BAB 1 : ISLAM WASATHIYAH - AKIDAH AKHLAK ( X SMT GENAP)

PIWULANGAN 1 : BAHASA JAWA (XI SMT GENAP)