PIWULANGAN 3 : BAHASA JAWA KELAS XI (SMT GENAP)

 PIWULANGAN 3

 PARIWARA 



A. KATRANGAN

Wara-wara (pengumuman) yaiku salah sawijining pawarta utawa laying/Nawala (surat) kang katujokake marang umum. Mula, wara-wara iku warta kang asifat ora resmi. Surasane ora ono seng disingindake dadi kabeh blakblakan. Wara-wara nggone gawe kudu isa narik kawigaten marang kang bakal maca/ngrungokake, mula kudu cekak lan cetha. Kudu kreatif lan inovatif.

 

Perangane wara-wara iku kudu nggatekake:

a. Sapa kanggo gawe

b. Kanggo sapa

c. Isi/ swarane sapa

 

Perangane teks pariwara:

1. Irah-irahan/ headline

2. Visual utawa ilustrasi awujud gambar ana sambungane produk

3. Body copy : informasi detail ngenani produk kang diwatakake

4. Foto produk dan merk

5. Logo, slogan utawa jenenge perusahaan

 

 Jenise pariwara

1. Pariwara/iklan

2. Brosur

3. Pamflet

4. Lelayu

5. Baliho

6. Kampanye

 

B. PANGERTENE PARIWARA

Pariwara utawa iklan kui sawijining pesen babagan barang/jasa kang digawe deneng produsen kang diandarake lumantar mediya (cetak,audio,elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujukake marang wong akeh. Tujuane supaya masyarakat ngerteni, tertarik lan gelem tuku sarta ngganggo barang tertamtu.

 

Bab kang perlu digatetake deneng pariwara, yaiku:

Ukara cekak lan singkat

Bahasane prasaja lan gampang dimangerti

Tulisan lan gambare narik kawigatenan

 

C. STRUKTUR TEKS IKLAN

Struktur utawa susunan teks iklan pariwara kui, ngemot:

Irah-rahan utawa judul pariwara

Jenenge produk

Deskripsi produk/ jasa. Isine eso produk, alamat, no telepon/hp lan liya-liyane

 

Ciri-ciri bahasa teks pariwara

1. Ukarane Persuasif : nggandani pamaos yakin karo nindakake kang dikarepe penulis

2. Ukara Slogan : gampang anggone eling, nggunakake papat utawa lima tembung kang trep.

3. Nggunakake subyek wis kapisan : bisa tunggal bisa jamak tuladhane aku utawa kita

 

D. PARIWARA TINULIS (ACARA PANGGAWENE)

1. Gawe tampilan kang prasaja : fokus, imbang/simetris, ukuran, wujud, garis, tipografi kang narik kawigaten (menarik)

2. Desain warna, pamilihing werna kudu trep kang dadekake kariwara kui nyenengke. Carane : olah warna kang trep, gawe warna kontras

3. Headline lan isi utawa desain, gampang anggone maca pariwara dadi babagan kang penting. Babagan visual bisa digawe mengkone

4. Gaya tulisan

 

E. PARIWARA RADIO

 Iklan neng radio ndue karakteristik yaiku:

Theater of the mind : Ngemot pesen kang ndadekake pamirsa due angen-angen tumrap pariwara kang dirungokke

Pribadi : tegese pariwara radio pesene kaya-kaya ngomong langsung marang pamirsa

 

Pariwara radio biasane mung diwartakake, mula panulisane kudu becik:

Ø Nulis kudu ngunakake tembung lan ukara kang gampang

Ø Nulis kudu wujud komunikasi kang fokus

Ø Nulis kanthi kreatif saka individu siji marang liyane, nggunakake boso kan akrab

Ø Pariwara radio nggunakake : swara manungsa, musik, jingle, efek swara

 

F. PARIWARA TV

Pesen saka produk: audio, visual, lan gerak. Ora awujud tulisan/naskah nanging tampilan kang nasik kawigaten iku disenengi

Piranti ing pariwisata TV luwih genep tinimbang pariwara radio

Komentar

Postingan populer dari blog ini

BAB 1 : ISLAM WASATHIYAH - AKIDAH AKHLAK KELAS X (SMT GENAP)

BAB 4 : KISAH TELADAN NABI LUTH KELAS X (SMT GENAP)

NILAI ASAT BAHASA JAWA KELAS XI F1-F7